Jumat, 24 Juli 2020

GURIT KAGEM IESKA ( IKUT JEJAK DIDI KEMPOT)


GURIT KAGEM IESKA
( Karya : Purwo Setiono )



Ieska
Netramu sumunar kadya surya
Pratanda kapribadhen kukuh prakosa
Canthas trengginas kadya panglima  ing yudha
Ieska
Pangandikanmu alus, titis, tetes
Salira saha busana luwes
Gawe gemes
Nyuwun teges

Ieska
Sampurnaning bawa
Sliramu kadya dewa njalma manungsa
Wiwit tepang sliramu
Aku kayungyun
Nganti saiki

Yekti aku ngerti
Atiku atimu nyawiji
Jane dhek semana
Aku pengin mundhut atinira
Kanggo ngumpulke balung pisah
Dadi cagak bale somah lestaari istiqomah
Ning ora kuwawa
Aku kurang sangu kanggo leladi marang sliramu
Yo merga luhuring salira kang merbawa
Aku rasa andap asor
Dhatan pantes nyuwun prasetyamu kang sugih pamor

Ieska
Aku ndherek bingah
Kaluwargamu sakinah mawadah warohmah
Digedhe pangapuramu
Yen aku sering sowan miyos maya 
Kanggo tamba kangen jroning dhadha
Ya mung siji dadi payuwunku
Mugi kita sawiji sakjroning swargi
Nadyan dangu nunggu kukuding  jaman iki
Aku mupus leganing ati
Dene nresnani ora kuwu nduweni
Text Box: Banjarnegara, Sabtu : 25 Juli 2020
Sepining Karaang Asem Arang
Purwo Setiono



Tidak ada komentar:

Posting Komentar