Rabu, 22 Juli 2020

CONTOH GEGURITAN PUISI JAWA

KUKILAKU
Yeye jeneng kukilaku
Ing dunya mung siji
Banget pangaji
Ning mrucut mruca
Ora gelem diemong
Merga aku tan kuwawa
Njaga rasa njaga rupa
Jare bakul sinambi wara
Kukilaku urip ning kutha
Mukti sarwana
Kukilaku
Wiwit kowe mruca
Tekamu dak antu antu
Bali ing kandangku
Ning sajak ora bisa
Marga kajiret prasetya
Kukilaku
Sumedot rasaning ati
Krungu swaramu lirih
Sajak nahan perih
Aku ora bisa nulungi
Merga kajiret janji
Kukilaku
Mabura sak dhuwuring karsa
Muga pirsa keliping ati kang lara branta
Muga bali ning kandangku kaya jaman semana
Nadyan wus sakjroning alam baka

Tidak ada komentar:

Posting Komentar