Rabu, 01 Oktober 2014

PIWELINGKU SAKJRONING LELUMBAN


PIWELINGKU
( Dening : Purwo Setiono )

Wis sakwetara wektu anggon kita lelumban ing samudra adhi karya
durung mijil gisik gembira kang dadi  tumusing rasa
kedruwung geger  ombak samudra prahara
kang tuwuh merganing  nepsu culika
tundhone ajur prahumu prahuku tanpa rupa
aku lan sliramu tan kuwawa nolak bala
kabeh netra  anteb anggone grahita
nilepke aku lan sliramu ing jeroning  nista

 Saiki wis wektune aku lan sliramu cancut taliwanda
enggal jumangkah dandan laku lan polah
kanthi tegas teges
yen wani aja wedi wedi
yen wedi aja wani wani
mantepke pilihan ati
arep terus gegandengan jumangkah nyawiji
apa pisah laku medhot ati
kang mesthi  prahu kudu didandani bela nyawa bela pati 
kanggo  slameting lelumban wiyata mandala kang edi peni
aja nglantur mbingungi sanak sedulur
aja amung lamis  gawe amis merga beda laku klawan atur
kang pungkasane keluwargaku kuluwargamu  ajur mumur

Piwelingku
sakdurunge cetha anggon kita dandan
aja pisan reraketan gawe setan
kabeh  sanak kadang bakal reang
aku lan sliramu kelangan jeneng lan jenang
sambatku sambatmu tanpa guna
sakabehing kringet kang tumetes bakal muspra
aku lan sliramu bakal kecemplung neraka

Wis, ayo saiki enggal jumangkah kang mesti lan edi
yen wani aja wedi wedi
yen wedi aja wani wani
kabeh laku lan lathi
bakal disuwun tanggung jawab dening gusti kang waskita titi

Banjarnegara , Rabu : 1 Oktober 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar