Minggu, 18 April 2021

LARA BRANTA GEGURITAN MENDUNG ING BANJARNEGARA

 LARA BRANTA

Kukilaku....
baliya ing kandang 1980-an
nadyan sakedeping netra
ana tangis nggegirisi
sing mili dudu tirta ning ludira
merga ati kalara lara
Ana cidra tanpa wates
jan nggrentes
Nadyan dudu tabib dudu biku
ning sliramu ngerti wadiku
rawuha paring donga
kaya kaya aku wis ora kuwawa
tak suwun tega lara aja tega nyawa
Kandhang kang wis winangun, saiki ambyar
aku tata tata tilar
takdir wis gumelar
kabeh wus ambyar
kari siji panyuwunku
esemmu....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar