Senin, 27 Maret 2017

PESAN DI HARI ULANG TAHUN TERAKHIR




Purwo Setiono Setiono
DAK ANTU ESEMMU
Wis adoh lakuku
nekseni peteng padhange jagad
durung nemu legining hakekat
kang diwulangna syareat
amangka salah dosa
wis pepek ngebaki dada
Menawa sliramu bisa nuntun laku
ulungna teken para empu
kanggo mowot shirothol mustakim
kagungane Gusti Maha Rohim
sukur sliramu kersa ngancani
dene ora
paringana pepadhanging ati
kanggo mbedakna reged lan suci
mrih ora ngrusak laku lan lathi
kanggo nyadhong ridlone Gusti
Wis adoh lakuku
nekseni gebyaring dunya
mesthi bakal nemoni wates
mula paringana donga kang deres
kanggo bukti sliramu mitra sejati
nadyan tresna wis rampung
nanging silaturrahmi tetep kudu disambung
Dak antu esemmu kang ngujiwati
nalika jasadku diwungkus mori
Menawa iki ulang tahun kang pungkas
digedhe pangapuramu kanthi ikhlas

Tidak ada komentar:

Posting Komentar