Minggu, 12 Februari 2017

PIWELING KANGGO ANAKKU ING JAMAN AKHIR

PIWELING KANGGO ANAKKU ING JAMAN AKHIR

Ngger…,atmajaku kinasih
Sliramu wis ngancik dhewasa
Dijero nggonmu sinau agama
Supaya tumata tutur laku nira
Bisaha njunjung salira, nusa lan bangsa
Aja culika, dora, lan dosa  gawe nista

Ngger…., putra putriku kinasih
Dadiya manungsa pideksa lan manis
Ugemana quran lan hadis
Aja lamis gawe miris       
Aja ndhermis seneng  ngemis
Mundhak  wong liya dadi nangis
Becik asung paweweh utawa perwira
Tinimbang ngapusi, korupsi dadi duratmaka
Elinga : Kang Maha Kwasa tansah niti pirsa
Nadyan sliramu kalingan wukir lan samudra

Ngger …anakku kinasih
Jembrengen talingan lan netra
Kuwatna iman sakjroning dhadha
Waskita anggomu bebrayan ing marcapada
Sebab…..,
Wis akeh priyagung kang sembrana
Akeh paraga panutan kang murang tata
Akeh tuntunan dadi tontonan lan diece
Akeh tontonan dadi  tuntunan rame rame
Pertandha gelaring jagad bakal ora suwe
Aku lan kowe kudu sengkud ngibadahe
Supaya iklas tumata nalika Malaikat ngawe –awe
Becik tansah sepi ing pamrih, rame ing gawe
Lelabuh minulya, luhur wekasane
Pungkasane jembar dhadha lan swargane

Ngger…..
Elinga , Gusti Alloh ora sare….

Banjarnegara , Selasa : 6 Desember 2016
Purwo Setiono
                                                                                                                             


Tidak ada komentar:

Posting Komentar