Rabu, 07 Januari 2015

GEGURITAN PIWELINGKU SAKJRONING LELUMBAN ( KRITIK KANGGO WONG KANG SELINGKUH / TERGIUR CINTA LOKASI )


PIWELINGKU SAKJRONING LELUMBAN
( KRITIK KANGGO WONG KANG SELINGKUH / TERGIUR CINTA LOKASI )
( Dening : Purwo Setiono )
Wis sakwetara wektu anggon kita lelumban ing samudra adhi karya
durung mijil gisik gembira kang dadi tumusing rasa
kedruwung geger ombak samudra prahara
kang tuwuh merganing nepsu culika
tundhone ajur prahumu prahuku tanpa rupa
aku lan sliramu tan kuwawa nolak bala
kabeh netra anteb anggone grahita
nilepke aku lan sliramu ing jeroning nista
Saiki wis wektune aku lan sliramu cancut taliwanda
enggal jumangkah dandan laku lan polah
kanthi tegas teges
yen wani aja wedi wedi
yen wedi aja wani wani
mantepke pilihan ati
arep terus gegandengan jumangkah nyawiji
apa pisah laku medhot ati
kang mesthi prahu kudu didandani bela nyawa bela pati
kanggo slameting lelumban wiyata mandala kang edi peni
aja nglantur mbingungi sanak sedulur
aja amung lamis gawe amis merga beda laku klawan atur
kang pungkasane keluwargaku kuluwargamu ajur mumur
Piwelingku
sakdurunge cetha anggon kita dandan
aja pisan reraketan gawe setan
kabeh sanak kadang bakal reang
aku lan sliramu kelangan jeneng lan jenang
sambatku sambatmu tanpa guna
sakabehing kringet kang tumetes bakal muspra
aku lan sliramu bakal kecemplung neraka
Wis, ayo saiki enggal jumangkah kang mesti lan edi
yen wani aja wedi wedi
yen wedi aja wani wani
kabeh laku lan lathi
bakal disuwun tanggung jawab dening gusti kang waskita titi
Banjarnegara , Rabu : 1 Oktober 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar