Kamis, 13 Juni 2013

WELING KANG PUNGKASAN




WELING KANG PUNGKASAN
( Karya : Wiwin Purwosetiono )


Wus adoh lakuku
Njajah desa milangkori
ndulit sakwernaning edi peni
wareg legining bratawali
kaya kaya wektuku wis ora suwe
kadhang widodari katon ngawe awe 
asung esem ngujiwati
nagih janji Gusti kang nyawiji
lamun urip bakale mati
tan kena ora
tansaya  sumpeg anggonku sesora
malaikat paring tegas teges
lamun sakkabehing polah ana wates


Yen pancen wis cedhak umurku
digedhe pangapuramu
dudu donya brana kang kaantu
mung esemmu kang ingsun tunggu
lan wacanen geguritanku
ing sandhing jasadku kang layu 

Aja cilik ati
kabeh bakal nglakoni
sowan ngarsaning  Gusti
didangu sakkabehing  leladi
pangkat drajat bandha bandhu bagus ayu
tan bisa tetulung sliramu sliraku
hamung amal becik suci
kang bisa ndherekke kita ing paseban jati
mula wiwit saiki sing gemati
aja lena pepaesing donya kang nyalawadi


Banjarnegara , Selasa : 3 Mei 2011


Tidak ada komentar:

Posting Komentar